Monday, May 9, 2011

Kapengurusan PAMUGARTA periode 2011-2014

     Setu Kliwon, 07 Mei 2011, wanci tabuh 19:15 para mudha dhusun Garang ngawontenaken rapat perapian karang taruna. Ing samangke karang taruna ingkang sampun sawetawis wekdal ‘rehat’ badhe kaurup-urup malih. Karang taruna ing Dhusun Garang dipunwastani PAMUGARTA. Pamugarta menika wjud tembung cekakan saking Paguyuban peMUdan GARang TAwangsari. Pamugarta periode kapengker dipunpimpin dening Mas Budi Sulistyo. Samenika panjenenganipun sampun nyambut damel wonten paran, inggih awit saking menika boten saged nglajengaken amanah ing periode candhakipun.
     Rapat dipun-regengaken dening 24 para mudha Dhusun Garang, ugi dipunrawuhi Pak Rubino minangka Kepala Dhusun. Ing pangajabipun Pak Rubino salebeting tanggap wacana, para mudha sageda rumaket ing kagiatan ingkang migunani, kados ta karang taruna menapa dene PIKR ingkang nembe badhe karintis ing Dhusun Garang.
     Rapat perapian pamugarta menika kapimpin dening Rinda Putri Meilantika saha Rendy Putra Maretika minangka wakil ketua pamugarta periode kapengker. Susunan pengurus periode enggal menika kapilih kanthi voting utawi perhitungan suara. Pengurus enggal menika mbeta amanah periode 2011 dumugi 2014.
      Wondene susunan kapengurusannipun kados makaten :
Kapengurusan PAMUGARTA periode 2011-2014 :

Pengurus Inti :
Ketua                   : Rendy Putra M
Wakil Ketua        : Adi Wahyu
Sekretaris            : Rinda Putri M
Wakil Sekretaris : Dian Alvita
Bendahara           : Antok
Wakil Bendahara : Ervita Risnandari

Pengurus Bidang :
Keagamaan dan Binamental
  Koord : Diaswanto, Deni Arief P, Annisa
Keolahragaan dan Seni Budaya
  Koord : Arisman B, Dimas P
Pendidikan dan Pelatihan
  Koord : Irvan K, Rafita H
Kesejahteraan Masyarakat
  Koord : Eko Widianto, Ahmad A
Pelestariaan Lingkungan Hidup dan Pariwisata
  Koord : Anung S, Sinto
HUMAS dan Kemitraan
  Koord : Triyanto, Rahmad S
Usaha Bersama dan Koperasi
  Koord : Ismaya, Eka N

      Makaten menggah rantaman utawi susunan pengurus karang taruna Pamugarta periode 2011-2014. Mugya saged ambeta amanah kanthi sae, lancar saha kasil mumpangati tumrap sesami. Amin. Sesampunipun perapian pengurus pamugarta periode enggal, kalajengaken rapat pambentukan organisasi PIKR (Pusat Informasi dan Konseling Remaja) ingkang garisipun sejajar kalihan karang taruna. [Rinda]


     

salajengipun »»