Monday, December 27, 2010

Lelayu, Simbah Amat Kliman

Sampun tinimbalan sowan wonten ngersa dalem Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, panjenenganipun Simbah Amat Kliman ingkang pidalem wonten ing Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo. Seda kala wau enjing watawis tabuh 09.00. Wondene jenazah kamakomaken dinten menika, Senen Wage 27 Desember 2010 tabuh 14.00 ing pamakaman Garang Tawangsari. Kaluwargi ingkang nandang duhkita, mugi kaparingan kasabaran saha katabahan, saengga saged nggampilaken panjenenganipun Simbah Amat Kliman anggenipun dipun-khisab dening Gusti Allah, saha dipuntampi sadaya amaliahipun. Amin Amin Amin.
salajengipun »»

Saturday, December 25, 2010

Lelayu, Ibu Dalikem

Sampun tinimbalan sowan wonten ngersa dalem Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, panjenenganipun Ibu Dalikem ingkang pidalem wonten ing Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo. Seda kala wau enjing watawis tabuh 05.00. Wondene jenazah kamakomaken dinten menika, Setu Pahing 25 Desember 2010 tabuh 14.00 ing pamakaman Garang Tawangsari. Kaluwargi ingkang nandang duhkita, mugi kaparingan kasabaran saha katabahan, saengga saged nggampilaken panjenenganipun Ibu Dalikem anggenipun dipun-khisab dening Gusti Allah, saha dipuntampi sadaya amaliahipun. Amin Amin Amin.
salajengipun »»

Saturday, December 18, 2010

ndherek bingah

Sampun mijil kanthi sehat lancar keng putra angka kalih saking Pak Martana kalihan Bu Retno, kala wau enjing watawis tabuh sekawan. Kanthi bobot 3,8 kg saha panjang 50 cm. Pamugarta ngaturaken ndherek bingah inggih awit mijilipun keng putra, mugi saged dados lare ingkang sholehah bekti marang tiyang sepuh, agami, nusa lan bangsa. [dk rinda]
salajengipun »»

Thursday, December 2, 2010

Dhaupipun Mas Santo kalihan Mbak Cahyani,kenya saking Ngawi

    Sampun kalampahan dhaupipun Mas Santok kalihan kenya saking Ngawi, Ani asmanipun, rikala wau enjing tabuh wolu. Kenya kang pindha hapsari menika kagungan asma panjang Cahyani Subekti, wondene widadaranipun Susanto. Putra mbarep saking Bapak Kahono menika pinuju ing gesang jejodhohan kalihan kenya Ngawi. Tebihing kitha Ngawi dumugi dalemipun, Tawangsari Pengasih Kulon Progo, boten ndamel rubuh krenteging gegayuhan anggenipun krama kalihan kenya gantilaning manah.
        Widadara karengga ing busana kang prasaja, ugi kang estri katon endah ing paes kebaya pethak tinabur reroncening panghias. Ijab saha qabulipun pinangantyan kekalih sampun kaucap rikala dinten Kemis Wage, 2 Desember 2010. Ing titi laksitaning adicara ijab-kabul menika dipunrawuhi dening para tangga teparo saking Dhusun Garang saha sanak sedherekipun kang estri.
       Pamugarta ngaturaken sugeng anglampahi pagesangan enggal dhumateng panjenenganipun Mas Santok saha Mbak Ani. Mugya salebeting bebrayan sarimbitan saged dadosaken mapinten-pinten kasaenan tumrap gesang kaluwargi ugi tumrap masarakat sakiwa-tengenipun, mugya Gusti Ingkang Maha Agung inggih Gusti Ingkang Maha Asih tansah paring kabagyan kamulyan saha kasugengan, saengga saged dados kaluwarga ingkang sakinah, mawaddah wa rahmah. Amin. [Rindha]
salajengipun »»

Friday, November 26, 2010

Manten Unik

     Poto menika dipunpendhet nalika pinanganten kekalih (ingkang kekalihipun sedaya kakung) nengga kang pinanganten putri. Ing sela-selaning wekdal, temanten kakung lenggah jejer. Namung guyon dipunpoto nggih manut-manut kemawon. Menika mujudipun satunggaling kaakraban antawisipun sedherek enggal menika. Ingkang wonten ing sisih tengen menika Mas Diyaswanto, wondene ingkang wonten kiwa menika Mas Agus Haryanto. Mas Diyas minangka pacangan saking Mbak Kastini ingkang boten sanes inggih menika Mbakyunipun Mbak Jeminah ingkang dados pacanganipun Mas Agus. Ateges, kekalihipun menika sedherek ipar.


    Pawiwahan ijab qabul menika kalebet unik, khususipun ing tlatah tanah jawi ingkang taksih kathah gugon tuhon kejawenipun. Dhaupipun kalih widadara kalihan kalihh widadari ingkang taksih sedherek (mbakyu-adhi) ing satunggal wekdal menika miterat sesepuh jawa boten pareng utawi ra ilok, salah satunggal kedah nengga sabibaripun wulan sura utawi sampun gantos angka taunipun. Ananging menika namung wujud gugon tuhon ingkang boten wonten dhasar sekawitipun. Kita minangka manungsa ingkang nggadhahi agami, menapa malih ingkang ngrasuk agami islam, prekawis-prekawis ingkang mekaten sampun boten pantes dipunpitadosi sanget-sanget.

     Ing pawiwahan menika ugi sareng kalihan supitan saha puputanipun sedherek temanten putri. Mila rame sanget. Kejawi rame lan ndamel remening pamengku gati, saha “ngirit” anggenipun ngecakaken dana. Mbak Kastini menika putra ingkang kaping sewelas saking kalihwelas putra, wondene Mbak Jeminah menika ingkang ragil. [cempluk]


salajengipun »»

Dhaupipun Widadara Garang kalihan Widadari Ketawangrejo

    “Endah edining busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lumunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah widadari suwarga loka ingkang tumurun. Nun ugi tamanten kakung kanthi pangageman ingkang sarwi edipeni, kekonyoh jebat kesturi, amrik gandanya, lamun cinandra pindha widadara. ” Menika umpaminipun panyandran endah edining swasana pawiwahan dhaupipun Raka Mas Diyaswanto kalihan Nimas Kastini.

      Diyaswanto, satunggaling pemudha ing Pamugarta (PAguyuban peMUda GARang TAwangsari), sampun dados jatukramanipun kalihan kenya saking Kitha Purworejo ingkang asma Kastini. Ijab saha qabulipun pinangantyan kekalih sampun kaucap rikala dinten Jemuah Pon, 26 Nopember 2010, ing dalemipun kenya gantilaning manah kang kakung, Desa Ketawangrejo Purworejo.

     Pandonga panyuwunipun dhumateng Gusti Allah SWT sampun kasunyatan kanthi rancak gangsar, dene Mas Diyaswanto jejodhohan kalihan kenya ayu pindha hapsari ugi sholehah. Ing pangajab mugi saged ambekta pinuju rahmating Kang Murbeng Dumadi lumantar gesang bebrayanipun, dados kaluwarga ingkang sakinah, mawaddah, warahmah. Barakallahu lakuma wa baraka alaikumaa wa jaama’a bainakuma fii khaiiir. Amin, Amin, Amin...
[Rindha]
salajengipun »»

Saturday, November 20, 2010

Manten Anyar Nanggap Jathilan

         Setu Pahing, 20 November 2010, wonten ing Dhusun Tegal Perang Desa Tawangsari dipunwontenaken salah satunggaling kesenian tradhisional, inggih menika jathilan. Kesenian ingkang awujud jaranan menika kaancas minangka tandha sukuran sampun kalampahan krama kala wingi Jemuah dhaup kramanipun Mbak Ayuk kalihan Mas Agung. Sampun dados padatan ing tlatah Tegal Perang nanggap jathilan kangge mahyakaken raos sukur ngengingi satunggaling bab, kados ta : mantenan, supitan, kalihan sanes-sanesipun.
       Kados wulan kapengker nalika Desa Tawangsari mengeti Merti Desa ingkang ugi nanggap jathilan, papan ingkang dipun-ginakaken inggih sami, wonten ing lapangan alit saleripun Balai Desa Tawangsari. Lapangan alit menika boten tebih kalihan dalemipun pinanganten putri, antawisipun 20 meteran.
       Group jathilanipun boten pados ing pundi-pundi papan ingkang tebih, ananging group saking Desa Tawangsari piyambak. “Kudho Manunggal” menika dados namanipun. Para penabuh gamelan, penyanyi, saha para penarinipun saperangan ageng ugi saking Desa Tawangsari dipuntambah penari saking desa sakiwa-tengenipun. Wondene ingkang kagungan group kesenian jaran kepang menika Dhusun Kopok Wetan.
        Ing salebeting sami beksan njathil, wonten klimaks-ipun, nalika para penari sami ndadi, ing basa gaulipun kesurupan. Ateges, penarinipun sampun boten sadar menapa-menapa kemawon ingkang dipuntindakaken dhirinipun piyambak. Pramila nalika ndadi penari kersa ngunjuk toya sekar, ngrikiti areng mawa, dhahar sesekaran (kados ta: mawar, kenanga, mlathi, lsp), ugi dhahar ayam mentah. Arumipun dupa kalihan menyan andamel suasana katon magic, sansaya damel njondhiling dhadha nalika saperangan para penonton wonten ingkang ndherek ndadi. Sasampunipun sawatawis wekdal, pawang jathilan majeng, paring usada nambani ingkang sami ndadi. Ing acara menika, pawang boten piyambak, ananging dipundampingi dening Mbak Ayuk, ingkang kagungan ewet. Mbak Ayuk inggih namung ndampingi kemawon, saprelu minangka adatipun, para penari ingkang ndadi namung saged mantun menawi ingkang nambani menika pinanganten ingkang kagungan ewet nanggap jathilan.
         Wekdal sansaya sonten, mbaka satunggal penarinipun sampun mantun saking ndadi. Ing antawisipun tabuh 17.00 jathilan kapungkasi. Para pamiyarsa ingkang ndherek bingah awit dhaupipun Mbak Ayuk kalihan Mas Agung menika sami kondur. Sami remen ing penggalih, ndedonga, mugi kanthi menika saged dados lantaran Gusti Allah paring kanugrahan, kamulyan, saha kabagyan tumrap Mbak Ayuk sakaluwargi, mugi dados kaluwargi ingkang sakinah mawaddah wa rahmah. Amin. Wontenipun Jathilan menika inggih minangka wujud upaya nglestantunaken kabudayan jawa, saha ngrembakakaken kesenian tradhisional tumrap satengahing masarakat. [Putri]

salajengipun »»

Friday, November 19, 2010

Atur Sugeng Nglampahi Gesang Enggal dhumateng Mbak Ayuk

      Jemuah Legi, 19/11. Binarung kaprungu gendhing kebo giro nalika pinuju ing Jalan Kyai Rangga sangajengipun Balai Desa Tawangsari. Cumloroting tedja maya-maya saking saleripun margi, hangawe-awe hanyedhak ngrumaket. Para kakung miwah putri ngagem busana kang edi peni. Para putri sami lenggah jejer katon rapi, sinawang ayu pindha hapsari.

     Sarimbit kakung-putri lenggah ing singgasana kang rinengga endah, ing sangajengipun para rawuh, kapacak manis. Widadara kalihan widadari sumeh hangumbar manising esem, ngatonaken kekembanganing manah sakloron.

     Tenda biru ingkang sampun madeg kawiwitan dinten Slasa menika katon sansaya rame. Bapak Rukijo, ingkang kagungan ewet mantu, ndhaupaken ingkang putri, Mbak Ayu Rukmana Wardani (asring tinimbalan “Mbak Ayuk”). Adicara ijab kabul kalampahan dinten menika, Jemuah Legi, tabuh 08.00. Kalajengaken resepsi watawis tabuh 09.00 dumugi 11.00. Wondene sabibar jumatan samangke pengantin sarimbit badhe pun boyong dhumateng dalem pinanganten kakung.

      Pamugarta ngaturaken sugeng anglampahi pagesangan enggal dhumateng panjenenganipun Mbak Ayuk, kenya saking tangga dhusun, inggih menika Dhusun Tegal Perang, ingkang dhaup kalihan Mas Agung ingkang pidalem wonten ing Dhusun Macanan Glagah. Mugya salebeting bebrayan kalihan ingkang kakung saged dadosaken mapinten-pinten kasaenan tumrap gesang mbak Ayuk sakaluwargi ugi tumrap masarakat sakiwa-tengenipun, mugya Gusti Ingkang Maha Agung inggih Gusti Ingkang Maha Asih tansah paring kabagyan kamulyan saha kasugengan, saengga saged dados kaluwarga ingkang sakinah, mawaddah wa rahmah. Amin. Amin. Amin. Ya Rabbal’alamin... [Rinda]
salajengipun »»

Bio Gas Manjing Desa

      Bio gas ingkang sampun sawatawis wekdal dados topik wicantenan ing sadengah papan samenika sampun saged dipunjamah dening masarakat kalangan ngandhap utawi desa. Kanyata wonten ing Desa Tawangsari wonten kalih papan ingkang sampun miwiti madegipun bio gas. Satunggal wonten ing Dhusun Garang, inggih menika wonten dalemipun Bapak Ngudiran. Sanesipun wonten ing dalemipun Bapak Kawit ingkang pidalem wonten ing Dhusun Siluwok.

         Bio gas menika awujud satunggaling sumber gas kangge damel latuning kompor. Gasipun saking persenyawaan kimia kotoran kewan ternak, kados ta lembu utawi ayam. Kotoran menika dipuntampung salebeting tabung ageng ing ngandhaping siti. Gas ingkang dipunkasilaken kotoran menika salajengipun dipunsaluraken ing kompor ngginakaken saluran selang.Wondene kompor ingkang saged nampi gas saking tabung penampungan menika wau saged dipundamel kompor khusus bio gas, ugi saged saking modifikasi kompor gas ingkang padatanipun ngginakaken gas LPG.

        Saben satunggal unit, saged dipunsaluraken dhateng langkung saking satunggal kompor, kepara malah saged dhateng mapinten-pinten griya. Ing Desa Tawangsari menika bio gasipun ngginakaken kotoran lembu, ing dalemipun Bapak Ngudiran menapa dene ing dalemipun Bapak Kawit, kekalihipun ngingah lembu. Bio gasipun Bapak Ngudiran namung saged kangge ngurup-urup satunggal kompor kemawon, amargi lembunipun namung tiga, saha papan dunung dalem radi tebih kalihan tangga tepalih, saengga gasipun boten gampil anggenipun nyaluraken. Beda kalihan dalemipun Bapak Kawit, gasipun saged kasaluraken dhateng griya-griya ingkang wonten ing sakiwa-tengenipun.

      Bio gas ing Desa Tawangsari menika asil saking panyuwunan masarakat dhumateng pamerintah. Wondene sinten-sinten kemawon ingkang pikantuk bantuan menika kapilih saking proposal ingkang dipunmajengaken. Proposal menika saged saking pribadi, ugi saged saking perkumpulan tani. Ingkang kapilih nampi bantuan menika salajengipun nampi bahan-bahan kados ta : semen, wesi, wedhi, bata, kayu, kalihan sapanunggalanipun, kanthi gratis saking pamerintah Kulon Progo, mliginipun saking KLH (Kantor Lingkungan Hidup). Wondene tenaganipun ugi saking pamerintah, boten pados piyambak, boten dipun-opahi dening ingkang kagungan dalem, amargi para tenaga menika sampun nampi gaji saking pamerintah.

     Pambangunan bio gas ing Dhusun Garang sampun kawiwitan watawis wolung, kaetang saking medhakaken bahan-bahan, dumugi samenika dereng paripurna. Ing dinten menika, Jemuah Legi 19 Nopember 2010, pandamelan bio gas ing dalemipun Bapak Ngudiran sampun ngancik proses ndamel tabung penampungan, kados ingkang wonten ing poto.

          Bio gas manjing desa menika awujud santunan saking pamerintah, kawontenan kathah tabung gas LPG ingkang njeblug, saha regi lisah laton ingkang awis, kalihan kajeng ingkang boten gampil anggenipun madosi. Bio gas menika nyipta alternatif enggal ngengingi sumber bahan bakar kompor. Ing pangajab, mugi wontenipun bio gas manjing desa menika saged ngawe-awe masarakat sanes supados tumurut ngolah sampah kotoran lembu menapa dene ayam ingkang asring dipunbucal saged dados kebuling dhapur. [Rinda]
salajengipun »»

Thursday, November 18, 2010

Mragat Lembu Idul Adha, Para Warga Garang Guyub Rukun

        “Allahu Akbar...Allahu Akbar...Allahu Akbar. Lailahailallahu Allahu Akbar. Allahu Akbar walillahilham”. Sampun kawit senin sonten sabakdanipun maghrib Mejid Nurul Hidayah Garang Tawangsari rame dening para lare. Boten badhe ngaji TPA, ananging ngumandangaken takbir, minangka satunggaling sunah ing dinten Idul Adha. Suwanten ingkang semangat, kebaking bagya, saut-sautan. Bapak-bapak kalihan para mudha warga Dhusun Garang ugi tindak dhateng mejid. Dumugi dalu anggenipun sami takbiran.

         Kalajengaken ing enjingipun, sholat ied ing mejid Nurul Hidayah. Boten kados taun-taun kapengker, sholat ied dipunwontenaken ing mejid dhusun piyambak-piyambak, boten ing lapangan Kopok kanthi sedaya warga Desa Tawangsari dados satunggal papan. Amargi mejidipun alit, boten saged nampung sadaya jemaah, pramila wonten ingkang sholat ing sakiduling mejid (papan parkiran) saha ing plataran mejid ingkang sampun dipun-pasangi tenda iyub-iyub. Ing dhusun Garang, sholat ied kawiwitan tabuh 06.30.

        Pak Sarjiyo, minangka imam, mratelakaken bilih sholat ied boten sareng sedaya warga tawangsari amargi wonten dhusun sanesipun ingkang dereng mengeti dinten riyadi Idul Adha, inggih menika dhusun siluwok, kopok, jombokan, saha saperangan dhusun menggungan sisih ler, dhusun menika mengeti ing dinten rebo. Wondene dhusun Garang boten miterat kalender saking pamerintah ingkang kaserat idul adha ing dinten rebo 17 nopember, ananging saking rapat dhusun kadhudhut miterat jadwal wukuf ing padang arafah. Kabantu dening Ibu Mudjikem, satunggaling warga Garang ingkang nembe tindak haji, wukuf katindakaken ing dinten senin dumugi slasa fajar. Pramila, sami sarujuk bilih 10 Dzulkhijah menika dinten Slasa, sanes Rebo. Dhudhutan rapat menika kanyata sami kalihan kalender ingkang dipun-damel dening muhammadiyah. Wondene makaten, para warga inggih suka pangurmatan dhumateng warga dhusun sanes. Menika ugi ingkang kaandharaken dening Pak Saliman, salebeting khotbah sasampunipun sholt ied. Ing khotbah menika ugi kacariyosaken menapa ingkang dados bibit sekawit dipun-wontenaken pengetan Idul Adha kanthi mragat lembu.

        Sasampunipun sholat ied. Para warga gotong royong kangge nindakaken kurban. Dhusun Garang kurban kanthi mragat lembu cacahipun kalih. Kekalihipun menika awujud kurban sesarengan, ateges satunggal lembu dipun-sokong dening langkung saking satunggal tiyang. Ingkang mragat inggih menika Bapak Saliman. Kabantu dening bapak-bapak saha para mudha, Bapak Saliman mragat lembu ing sawetanipun mejid. Salejengipun lembu ingkang sampun pejah menika dipun-kuliti ing pelataran mejid. Daging lembu kaperang dados 87 wungkus, dipun-dum dhateng saben KK Kepala Keluarga ing Dhusun Garang menika.

           Para ibu inggih kempal wonten dalemipun Pak Sapon saha Bu Barini, ing sakilenipun mejid, supados olah-olah masak daging lembu kangge dhahar para bapak kalihan para mudha ingkang mbiyantu anggenipunn mragat lembu kurban. Sampun dados adatipun, sesampunipun kurban, para tenaga lajeng dhahar sesarengan.

          Para warga Garangg katon guyub rukun. Bapak-bapak, ibu-ibu, mas-mas, mbak-mbak, kepara adhik-adhik saha simbah-simbah makempal kanthi raos bungah, ngumandangaken takbir dumugi sekawan dinten candhakipun. [Rinda]
salajengipun »»

Wednesday, November 17, 2010

LOMBA TAMAN GIZI, “NGUDI LESTARI” KARAWUHAN TIMNAS

                                     
Boten kados dinten sanesipun, kala tanggal 9 Nopember 2010, wonten ing sapinggiring margi Kyai Rangga, Desa Tawangsari, mirungganipun ing Dusun Garang, katingal spanduk ingkang sinerat “Selamat Datang Tim Penilai Lomba Taman Gizi Posdaya Tingkat Nasional di Posdaya Ngudi Lestari Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo” ugi kathah umbul-umbul sapinggiring margi alit kasebat. Posdaya Ngudi Lestari Dusun Garang, minangka salahsatunggaling posdaya ingkang wonten ing Desa Tawangsari Kecamatan Pengasih Kabupaten Kulon Progo menika gadhah ewet, inggih menika ndherek lomba posdaya tingkat nasional. Posdaya tegesipun POS pemberDayaan masYArakat.


Adicara penyambutan tim penilai menika kawiwitan watawis tabuh kalih siyang, sanajan papan sampun cemepak kawit tabuh setunggal. Muluring wanci pawiwitan adicara menika sebabipun nengga tim penilai saking kutha Ngayogyakarta ingkang ugi mbiji posdaya sanes-sanesipun. Penyambutan tim penilai menika karawuhan dening Pak Martana minangka Lurah Desa Tawangsari saha para dukuh saking dusun-dusun ing Desa Tawangsari. Tim penilai saking tingkat nasional inggih menika Ibu Ir.Hastuti kalihan Bapak Ir. Joko, minangka dosen kalihan rektor Universitas Sarjana Wiyata Tamansiswa. Ibu Widayatun, minangka ketua Pelaksana Teknis Tanaman Pangan Kecamatan Pengasih boten saged rawuh amargi wonten satunggaling prekawis ingkang boten saged dipun-tilar. “Ing salebeting lomba posdaya menika ingkang baken dipun-biji utamanipun ngengingi bab taman gizi, tanaman pangan, toga, ugi holtikultura, sadayaning kagiyatan ingkang saged ngasilaken sumber gizi kaluwarga”, ngendikanipun Pak Bejo minangka talanging Pak Wahyu Wibowo kalihan Ibu Kasiyati utusan saking Kecamatan Pengasih nalika caos pangandikan salebeting adicara. Sanesipun taman gizi, kriteria penilaian ugi nggatosaken babagan administrasi minangka bukti kaserat wontenipun kagiyatan posdaya ing dusun Garang.


Sesampunipun adicara pambagya harja ing plataran dalemipun Pak Rubino, Dukuh Dusun Garang, Pak Lurah kalihan para pangurus posdaya Ngudi Lestari ingkang kapimpin dening Bapak Sarjiyo ndherekaken para tim penilai anggenipun mbiji taman gizi ing saindhenging padusunan Garang. Ingkang dipun-gatosaken salebeting penilaian ngengingi toga (Tanaman Obat Keluarga) ing pot-pot alit saha ing siti wiyar dalemipun Pak Rubino, ternak ulam lele, pawinihan lombok, “kebun bersama” ingkang dipun-tanemi maneka warni tanaman pangan, lan sanes-sanesipun.


Watawis tabuh tiga langkung tigangdasa menit, para tim sampun kondur ing plataran padukuhan Garang. Tumunten adicara sumene, para tamu undangan saha para tim penilai kaaturaken dhahar kanthi cara prasmanan. Adicara sumene dipun-sekecakaken kanthi iring-iringan gendhing ingkang kabeta dening group karawitan Tawangsari ingkang nama Siswa Muji Laras. Kados rikala penyambutan rawuhipun para tamu kalihan tim kala wau. Siswa Muji Laras menika kadhapuk saking para warga Desa Tawangsari khususipun Dusun Garang ingkang gadhah krenteg nguri-uri kabudayan jawi. Kapimpin saha kabimbing dening Pak Edi Keman, ingkang sampun purnatugas guru basa Jerman ing SMA 1 Wates, Siswa Muji Laras tlatos anggenipun ngangsu kawruh bab karawitan kanthi jadwal latian saben wengi wonten ing dalemipun Mbah Marto. Iringan gendhing Ladrang Gonjing Miring, Ladrang Wahyu, Manyura Sewu, Witing Klapa, Asmarandana, Pangkur, tansah damel suasana ingkang grengseng jawanipun, nedhahaken bilih Dusun Garang menika ngurmati dhateng kabudayan jawa minangka warisan saking para leluhur ingkang edipeni.


Adicara kapungkasi watawis tabuh sekawan. Kasuwun dening tim penilai lomba, supados kagiyatan posdaya menika tetep dipun-jagi kepara malah dipun-tingkataken boten namung ing wanci lomba kemawon. Ugi supados saged dados tuladha ingkang sae tumrap mijiling posdaya-posdaya sanesipun. [Rinda]
salajengipun »»

Friday, November 5, 2010

Redi Merapi Kintu 'Salam' Malih

      Jemuah Pahing, 5 Nopember 2010. Jawah awu tumeka ing Desa Tawangsari. Menika jawah awu saking Redi Merapi ingkang kaping kalihipun tumuju dhateng dhaerah Garang Tawangsari. Jawah awu ingkang angka sapisan rikala seminggu kepengker.

      Jawah awu ing dinten menika langkung kathah tinimbang ingkang rikala wingi Setu. Kepara malah katingal langkung kandel amargi wengi saderengipun jawah awu menika sampun jawah toya, saengga awu ingkang tumurun menika campur kaliyan sisaning toya.

     Redi Merapi dereng ‘ngaso’ anggenipun ngedalaken lahar menapa dene wedhus gembel. Para warga saidhenging Redi Merapi sampun sami ngungsi kawit kala wau dalu, saderengipun watawis jam setunggal Redi Merapi ngedalaken suanten ingkang sanget nggegirisi. Watesan aman utawi jarak batas aman ingkang dipuntetepaken dening BMG menika watawis kalih dasa kilometer saking puncak merapi. Kathah pangungsen ingkang ‘nunut ngiyub’ ing mejid, sekolah-sekolah, kampus, menapa dene ing dalemipun sanak sedherek ingkang boten kenging dampakipun. Ing Dhusun Garang ugi karawuhan pangungsen, mirungganipun ing dalemipun Mbokdhe Mitra, sedherekipun ingkang pidalem wonten Sleman.

     Mugi para pangungsen dipunparingi kasarehan saha kandeling iman, supados saged tabah nglampahi pacobaning gesang menika. Ugi Redi Merapi boten saya ndadra anggenipun ‘muntab’. [Putri]

salajengipun »»

Saturday, October 30, 2010

Pikantuk ‘Salam’ saking Redi Merapi

Ing wanci enjing, sabibaripun sami subuhan, warga Dhusun Garang Tawangsari dipunkagetaken dening satunggaling fenomena alam. Fenomena alam menika kalebet langka tumraping dhaerah ingkang dunungipun boten tebih saking pesisir kidul menika. Jawah ingkang padatanipun awujud toya, dinten menika, Setu Legi 30 Okober 2010, ewah dados jawah awu. Plataran saha roning wit-witan tuwin gendheng katon klawu putih.

Jawah awu menika minangka dampak saking njeblugipun redi merapi. Redi Merapi ingkang tebihipun watawis 50 km menika nggadhahi status “awas” saha ngedalaken awan panas ingkang kawastanan wedhus gembel kawit sekawan dinten kapengker. Kintunan awu saking redi menika dumugi pesisiran kidul saha dhaerah kilen (kados ta : purworejo, kebumen), amargi angin ingkang beta awu menika arahipun ngidul-kilen.

Miterat ngendikanipun para simbah, jawah awu sampun dangu sanget boten dumugi dhaerah ngriki. Pramila, kathah warga ingkang nganggep jawah awu menika minangka fenomena ingkang langka, dereng tamtu saged mrisani sawanci-wanci kados jawah toya ing padatanipun.

Jawah awu ingkang sampun kawit wau dalu menika nembe terang watawis tabuh 10.00. Kalajengaken jawah toya, watawis tabuh 14.00. Awit saking menika, awu ingkang nemplek wonten ing plataran, margi, roning wit-witan, saha ing gendheng menika kaicalaken awit wontenipun jawah toya.

Fenomena menika kados ‘salam’ saking Redi Merapi, ngengetaken kita dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, saha ngengetaken kita bilih para sedherek kita ingkang pidalem wonten ing kiwa-tengen Redi Merapi menika nembe nampi pacobaning pagesangan pramila kita kedah tansah emut saha suka pambiyantu awujud materiil menapa dene immateriil. [Meilan]
salajengipun »»

Friday, October 8, 2010

Lelayu, Simbah Sono Utomo

Sampun tinimbalan sowan wonten ngersa dalem Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, panjenenganipun Mbah Sono Utomo ingkang pidalem wonten ing Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo. Seda kala wau enjing watawis tabuh 09.00. Wondene jenazah kamakomaken dinten menika, Jemuah Wage 8 Oktober 2010 tabuh 14.00 ing pamakaman Garang Tawangsari. Kaluwargi ingkang nandhang duhkita, mugi kaparingan kasabaran saha katabahan, saengga saged nggampilaken panjenenganipun Mbah Tomo anggenipun dipun-khisab dening Gusti Allah, saha dipuntampi sadaya amaliahipun. Amin Amin Amin.
salajengipun »»

Saturday, September 11, 2010

Lelayu, Simbah Ponem

Sampun tinimbalan sowan wonten ngersa dalem Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, panjenenganipun Mbah Ponem ingkang pidalem wonten ing RT 14 RW 07 Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo. Seda kala wau dalu. Wondene jenazah kamakomaken dinten menika, Setu Pahing 11 September 2010 tabuh 13.00 (sabibaripun nindakaken ibadah jemuahan) ing pamakaman Garang Tawangsari. Kaluwargi ingkang nandhang duhkita, mugi kaparingan kasabaran saha katabahan, saengga saged nggampilaken panjenenganipun Mbah Ponem anggenipun dipun-khisab dening Gusti Allah, saha dipuntampi sadaya amaliahipun. Amin Amin Amin.
salajengipun »»

Monday, August 30, 2010

Lelayu, Simbah Madiyo Sentono

Sampun tinimbalan sowan wonten ngersa dalem Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, panjenenganipun Mbah Madiyo Sentono ingkang pidalem wonten ing RT 14 RW 07 Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo. Seda kala wau dalu watawis tabuh 08.00. Wondene jenazah kamakomaken dinten menika, Senin Kliwon 30 Agustus 2010, tabuh 14.00 ing pamakaman Garang Tawangsari. Kaluwarga ingkang nandhang duhkita, mugi kaparingan kasabaran saha katabahan, saengga saged nggampilaken panjenenganipun Mbah Madiyo (alias Mbah Djabar, alias Mbah Sebul) anggenipun dipun-khisab dening Gusti Allah, saha dipuntampi sadaya amaliahipun. Amin Amin Amin.
salajengipun »»