Saturday, November 20, 2010

Manten Anyar Nanggap Jathilan

         Setu Pahing, 20 November 2010, wonten ing Dhusun Tegal Perang Desa Tawangsari dipunwontenaken salah satunggaling kesenian tradhisional, inggih menika jathilan. Kesenian ingkang awujud jaranan menika kaancas minangka tandha sukuran sampun kalampahan krama kala wingi Jemuah dhaup kramanipun Mbak Ayuk kalihan Mas Agung. Sampun dados padatan ing tlatah Tegal Perang nanggap jathilan kangge mahyakaken raos sukur ngengingi satunggaling bab, kados ta : mantenan, supitan, kalihan sanes-sanesipun.
       Kados wulan kapengker nalika Desa Tawangsari mengeti Merti Desa ingkang ugi nanggap jathilan, papan ingkang dipun-ginakaken inggih sami, wonten ing lapangan alit saleripun Balai Desa Tawangsari. Lapangan alit menika boten tebih kalihan dalemipun pinanganten putri, antawisipun 20 meteran.
       Group jathilanipun boten pados ing pundi-pundi papan ingkang tebih, ananging group saking Desa Tawangsari piyambak. “Kudho Manunggal” menika dados namanipun. Para penabuh gamelan, penyanyi, saha para penarinipun saperangan ageng ugi saking Desa Tawangsari dipuntambah penari saking desa sakiwa-tengenipun. Wondene ingkang kagungan group kesenian jaran kepang menika Dhusun Kopok Wetan.
        Ing salebeting sami beksan njathil, wonten klimaks-ipun, nalika para penari sami ndadi, ing basa gaulipun kesurupan. Ateges, penarinipun sampun boten sadar menapa-menapa kemawon ingkang dipuntindakaken dhirinipun piyambak. Pramila nalika ndadi penari kersa ngunjuk toya sekar, ngrikiti areng mawa, dhahar sesekaran (kados ta: mawar, kenanga, mlathi, lsp), ugi dhahar ayam mentah. Arumipun dupa kalihan menyan andamel suasana katon magic, sansaya damel njondhiling dhadha nalika saperangan para penonton wonten ingkang ndherek ndadi. Sasampunipun sawatawis wekdal, pawang jathilan majeng, paring usada nambani ingkang sami ndadi. Ing acara menika, pawang boten piyambak, ananging dipundampingi dening Mbak Ayuk, ingkang kagungan ewet. Mbak Ayuk inggih namung ndampingi kemawon, saprelu minangka adatipun, para penari ingkang ndadi namung saged mantun menawi ingkang nambani menika pinanganten ingkang kagungan ewet nanggap jathilan.
         Wekdal sansaya sonten, mbaka satunggal penarinipun sampun mantun saking ndadi. Ing antawisipun tabuh 17.00 jathilan kapungkasi. Para pamiyarsa ingkang ndherek bingah awit dhaupipun Mbak Ayuk kalihan Mas Agung menika sami kondur. Sami remen ing penggalih, ndedonga, mugi kanthi menika saged dados lantaran Gusti Allah paring kanugrahan, kamulyan, saha kabagyan tumrap Mbak Ayuk sakaluwargi, mugi dados kaluwargi ingkang sakinah mawaddah wa rahmah. Amin. Wontenipun Jathilan menika inggih minangka wujud upaya nglestantunaken kabudayan jawa, saha ngrembakakaken kesenian tradhisional tumrap satengahing masarakat. [Putri]

1 comment:

  1. Sip lah... nguri uri kabudayan jawa! Sesuk mantenan nanggap wayang ah... (dhuwite sapa? haha)

    ReplyDelete