Wednesday, November 17, 2010

LOMBA TAMAN GIZI, “NGUDI LESTARI” KARAWUHAN TIMNAS

                                     
Boten kados dinten sanesipun, kala tanggal 9 Nopember 2010, wonten ing sapinggiring margi Kyai Rangga, Desa Tawangsari, mirungganipun ing Dusun Garang, katingal spanduk ingkang sinerat “Selamat Datang Tim Penilai Lomba Taman Gizi Posdaya Tingkat Nasional di Posdaya Ngudi Lestari Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo” ugi kathah umbul-umbul sapinggiring margi alit kasebat. Posdaya Ngudi Lestari Dusun Garang, minangka salahsatunggaling posdaya ingkang wonten ing Desa Tawangsari Kecamatan Pengasih Kabupaten Kulon Progo menika gadhah ewet, inggih menika ndherek lomba posdaya tingkat nasional. Posdaya tegesipun POS pemberDayaan masYArakat.


Adicara penyambutan tim penilai menika kawiwitan watawis tabuh kalih siyang, sanajan papan sampun cemepak kawit tabuh setunggal. Muluring wanci pawiwitan adicara menika sebabipun nengga tim penilai saking kutha Ngayogyakarta ingkang ugi mbiji posdaya sanes-sanesipun. Penyambutan tim penilai menika karawuhan dening Pak Martana minangka Lurah Desa Tawangsari saha para dukuh saking dusun-dusun ing Desa Tawangsari. Tim penilai saking tingkat nasional inggih menika Ibu Ir.Hastuti kalihan Bapak Ir. Joko, minangka dosen kalihan rektor Universitas Sarjana Wiyata Tamansiswa. Ibu Widayatun, minangka ketua Pelaksana Teknis Tanaman Pangan Kecamatan Pengasih boten saged rawuh amargi wonten satunggaling prekawis ingkang boten saged dipun-tilar. “Ing salebeting lomba posdaya menika ingkang baken dipun-biji utamanipun ngengingi bab taman gizi, tanaman pangan, toga, ugi holtikultura, sadayaning kagiyatan ingkang saged ngasilaken sumber gizi kaluwarga”, ngendikanipun Pak Bejo minangka talanging Pak Wahyu Wibowo kalihan Ibu Kasiyati utusan saking Kecamatan Pengasih nalika caos pangandikan salebeting adicara. Sanesipun taman gizi, kriteria penilaian ugi nggatosaken babagan administrasi minangka bukti kaserat wontenipun kagiyatan posdaya ing dusun Garang.


Sesampunipun adicara pambagya harja ing plataran dalemipun Pak Rubino, Dukuh Dusun Garang, Pak Lurah kalihan para pangurus posdaya Ngudi Lestari ingkang kapimpin dening Bapak Sarjiyo ndherekaken para tim penilai anggenipun mbiji taman gizi ing saindhenging padusunan Garang. Ingkang dipun-gatosaken salebeting penilaian ngengingi toga (Tanaman Obat Keluarga) ing pot-pot alit saha ing siti wiyar dalemipun Pak Rubino, ternak ulam lele, pawinihan lombok, “kebun bersama” ingkang dipun-tanemi maneka warni tanaman pangan, lan sanes-sanesipun.


Watawis tabuh tiga langkung tigangdasa menit, para tim sampun kondur ing plataran padukuhan Garang. Tumunten adicara sumene, para tamu undangan saha para tim penilai kaaturaken dhahar kanthi cara prasmanan. Adicara sumene dipun-sekecakaken kanthi iring-iringan gendhing ingkang kabeta dening group karawitan Tawangsari ingkang nama Siswa Muji Laras. Kados rikala penyambutan rawuhipun para tamu kalihan tim kala wau. Siswa Muji Laras menika kadhapuk saking para warga Desa Tawangsari khususipun Dusun Garang ingkang gadhah krenteg nguri-uri kabudayan jawi. Kapimpin saha kabimbing dening Pak Edi Keman, ingkang sampun purnatugas guru basa Jerman ing SMA 1 Wates, Siswa Muji Laras tlatos anggenipun ngangsu kawruh bab karawitan kanthi jadwal latian saben wengi wonten ing dalemipun Mbah Marto. Iringan gendhing Ladrang Gonjing Miring, Ladrang Wahyu, Manyura Sewu, Witing Klapa, Asmarandana, Pangkur, tansah damel suasana ingkang grengseng jawanipun, nedhahaken bilih Dusun Garang menika ngurmati dhateng kabudayan jawa minangka warisan saking para leluhur ingkang edipeni.


Adicara kapungkasi watawis tabuh sekawan. Kasuwun dening tim penilai lomba, supados kagiyatan posdaya menika tetep dipun-jagi kepara malah dipun-tingkataken boten namung ing wanci lomba kemawon. Ugi supados saged dados tuladha ingkang sae tumrap mijiling posdaya-posdaya sanesipun. [Rinda]

1 comment: