Monday, January 10, 2011

Lelayu, Ibu Sutiyem

Innalillahi wa innaillaihi raji’un. Sampun tinimbalan sowan wonten ngersa dalem Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, panjenenganipun Ibu Sutiyem ingkang pidalem wonten ing Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo. Seda kala wau enjing watawis tabuh 10.30. Wondene jenazah kamakomaken dinten menika, Senen Pon 10 Januari 2011 tabuh 16.00 ing pamakaman Garang Tawangsari. Kaluwargi ingkang nandang duhkita, mugi kaparingan kasabaran saha katabahan, saengga saged nggampilaken panjenenganipun Ibu Sutiyem anggenipun dipun-khisab dening Gusti Allah, saha dipuntampi sadaya amaliahipun. Amin Amin Amin.

1 comment: