Wednesday, January 5, 2011

Lelayu, Simbah Pawiro Sidal

Sampun tinimbalan sowan wonten ngersa dalem Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, panjenenganipun Simbah Pawiro Sidal ingkang pidalem wonten ing Garang Tawangsari Pengasih Kulon Progo. Seda kala wau enjing watawis tabuh 01.00. Wondene jenazah kamakomaken dinten menika, Rebo Pon 5 Januari 2011 tabuh 14.00 ing pamakaman Garang Tawangsari. Kaluwargi ingkang nandang duhkita, mugi kaparingan kasabaran saha katabahan, saengga saged nggampilaken panjenenganipun Simbah Sidal anggenipun dipun-khisab dening Gusti Allah, saha dipuntampi sadaya amaliahipun. Amin Amin Amin.

No comments:

Post a Comment